Aja minder dadi wong desa

in #steem-ngapak5 years ago

GRUPSTEEM.JPG
Inyong kabeh kudu tetep perlu selalu bersyukur, syukur maring Gusti Alloh. Sebab akeh bangat kang wis deparingaken meng inyong-inyong pada.

Senajan dadi desa, sing biasane madan dedeleng sebelah mata. Bahkan pancen istilah kampungan, sering go de tujukna nggo kaya inyong rika, selaku wong desa.

Tapi, senajan dadi wong desa. Wong sing urip neng daerah pinggiran, daerah terpencil, angger bisa aja ndadekna sebab inyong rika pada minder. Kabeh wong, kabeh menungsa ya pada baen. Jere wong kana-kana, Semua orang setera, Everyone is Equal.

Apa maning siki wong desa ya ora ketinggalan jaman, teknologi wis pada mlebu desa. Salah satune ya kie, Steem. Steem, Media Sosial sing canggih bangat uga akhire bisa dadi alternatif inyong pada aktif online. Wong desa kaya inyong rika uga bisa melu udu rembug, melu umbyung neng Steem. Dadi wong desa ya tetep nduweni 'prestasi', wong desa wis pada ngerti istilaeh ana duit crytocurrency. Malahan ana sing nduwe ide jere "Kripto nggo madang". Artine pancen, Steem bisa didadekna sarana, istilah wasilah nggo usaha lan kasab. Nggari-nggarine mayuh pada gumrigah, pada obah, melu ngramekna Steem. Insya Alloh ngger temen, toli ana hasile.

Kaya siki,wong kota ben pada molaih melik bali desa. Panganan khas desa kaya pecel, gado-gado, jangan pakis,godong budin, kue kabeh kan produk desa,siki dadi primadona neng restoran gede. Dadi, wong desa aja minder.

Lha neng Medsos Steem, sedulur kabeh bisa udu rembug, berbagi cerita lan kabar, shilaturahmi neng dunia maya, istilaeh ya sharing. Bisa mbagi kabar-kabar seputar urip neng desa. Apa baen, mengko toli dadi informasi sing menarik. Misale, panganan khas desane dewek-dewek, panggonan plesiran, gawean sing unik menarik, wit witan, usaha tani lan ternak neng desa, apa baen bisa nggo bahan posting neng Steem.

Lha, kie @steem-ngapak jane ide dasare ya kue, kepriwe carane gawe komunitas ngapak nggo wong-wong sing aktif neng Steem. Posting bisa nganggo tag : ngapak , steemngapak , steem-ngapak , tempat nggo berbagi cerita, kandahan seputar apa baen. Kandah bebas, apa maning mbahas lan ular-ular sing wigati lan penting jelas kue lewih utama.

Kira-kira kepriwe sedulur? Muga-muga kanca Steem-Ngapak pada sehat waras gampang lan jembar rejekine

Coin Marketplace

STEEM 0.21
TRX 0.13
JST 0.030
BTC 67083.87
ETH 3502.60
USDT 1.00
SBD 3.13