Semar Tilik Jakarta

in #poetry6 years ago

SEMAR TILIK JAKARTA


Rampung subuhan neng Kahyangan,  Semar bablas mudhun maring Jakarta, saprelu tilik anake lanang:

Gareng sing dadi pejabat Eksekutif, Bawor sing dadi Legislatif lan Petruk sing dadi Judikatif.

Semar wis pengeng kupinge mirengna anakke telu pada ribut bae neng Senayan.

Unggal ndina padudon bab anggaran, rebutan proyek lan apus-apusan

Mbuh kawit kapan ketelune koh tansah memungsuhan.

Semar wis bola-bali paring pepeling, liwat SMS, liwat WA, Facebook lan Instagram

Pijer ora tau direwes di gubris.

Malah padha gawe ada-ada nganakna Semar anyar

Buta Cakil sing lagi pincang kelara-lara digered dipacaki ben memper Semar

Gambare dipajang neng sekabehe surat pawarta nganggo hastage ora kira-kira: #AYO GANTI SEMAR

Kahanan sengsaya suwe tambah panas brangasan

Bojleng, bojleng, iblis laknat lakune jag-jagan.


Ki Dhalang sanalika menyat, methentheng karo tudhing-tudhing nuli mbentak semu eram:

"Yen pancen kabeh wayang ora kena ditata dituturi, tetep nganggo kerepe dhewek... Bubar...! Ayo bubaaarrr...!"


Ki dhalang nuli mudhun skang panggung cucul sarung.

Cantrike gage mbengketi wayang wadhahi kothak, penayagane bungung.

Penonton umyung rame surak-surak

Mbuh nyuraki Semar apa nyuraki Hastag.

Muga bae dudu nyuraki dhalange sing wis anteng meneng jegang neng risban

Semar...Semaaarr



Sugeng Joko Utomo, Tasikmalaya, 24-08-3018

Lingkar Sastra Gombong (Lisong)

Sort:  

melu tek resteem

Siap dan suwun lik

Posted using Partiko Android

🤔 apa ya... di google ada terjemahannya ngak ya... 🤔

Posted using Partiko Android

Intinya tuh semar ke jakarta cari mirna. Mau di bawa pulang ke kampung di jodohin ma ane 💃💃💃

Posted using Partiko Android

Save mirna 😅

Posted using Partiko Android

Coin Marketplace

STEEM 0.16
TRX 0.16
JST 0.030
BTC 57393.77
ETH 2439.11
USDT 1.00
SBD 2.33