Gara Garane Sepi

in #poetry6 years ago

Gara Garane Sepi


Apa kue sing arani

Sepi nyenyet tanpo sinaring Ratri

Jagade padang,tapi rasane peteng

Panggonan rame,tapi rasane sepi


Mergane adoh sekang berkah Urip

Ngaku yakin ning ora yakin

Ngaku ngerti ning ora ngerti

Ngaku paham Ning ora paham,pancene aku esih awak abang.


Iki kanggo awaku

Sing ora ngerti karepku

Kadunyan sing nang pikiranku

Ning ora tau cukup rasaku

Ya Alloh, Gusti, Kula nyuwun ampun, paringana, kula urip kang dipun berkahi, supados sagad medal saking  "Gara Garane Sepi"


------

Karan Figo, Cah Sikayu, JKT, Petang, 9/9-18,18:48

Lingkar Sastra Gombong (Lisong)

Coin Marketplace

STEEM 0.35
TRX 0.12
JST 0.039
BTC 69796.92
ETH 3521.66
USDT 1.00
SBD 4.70