Weteng Kencot Wareg Puisi ? (Puisi Ngapak)

in #poetry6 years ago

Weteng Kencot Wareg Puisi ?


Mbok Silah nginteri beras muter diputer ter goyang digoyang yang diseseg srek srek srek diumbulaken mbul mbul.


Mbah Jangga udud jegang maca puisi Lisong.


Mbok Silah nyeka kringet nang pipi banjur,

“Ramane, ndina-ndina koh mung puisi bae sing diadhep, apa enggane ora nyambut gawe apa?”


Mbah Jangga nyedhot udud klembak menyan hmmmm..... rasane kaya mabur meng wulan purnama,

”Biyunge sing ayu dhewek, menungsa kuwe butuh nyambut gawe, butuh mangan, sandang, papan, lan jiwane uga butuh keindahan, kebahagiaan, salah sijine ya lewat maca nulis puisi”.


“Ning angger kaya ramane menthelengi henpun maca nulis puisi bae, apa bisa wareg mangan puisi?”


Beras diinteri kaya menungsa mobat mabit disaring nang alam sapa becik mesthi ketitik ala mesthi ketara sapa wicaksana mesthi dadi pangarsa.


Udud klembak menyan tesih kemebul mabul-mabul, kukuse mumbul nembus payon nglewati uwung-uwung munggah angkasa samadya tumuju wulan sing lagi purnama, saperlu golet jawaban gunane puisi kanggo menungsa, apa puisi bisa maregi weteng kencot.


“Biyunge, titah menungsa duwe wujud badan wadag, awak daging balung getih, lan uga duwe pikir, rasa, cipta, karsa, lan jiwa. 

Sega jangan lawuh woh-wohan lan umben-umben dadi panganane awak.

Seni kaendahan, kabagyan, agama kuwe dadi panganane jiwa. Maca nulis puisi Lisong kalebu pitamine rasa. 


Wong sing rasane sering diolah seni kaendahan, bisa ngergani kaendahan alam, ngergani anane beda-beda suku agama budaya.

Wong sing rasa atine cupet ora dipakani seni kaendahan pikirane cupet dadi kejem bengis sadis seneng milara wong liya, angger wong liya beda suku agama budaya ora diurmati malah karepe ditindhes dikuasani”.


Biyung tulung-tulung wong padha liwung jiwane suwung,

Awang-uwung lakune pindha wong gemblung,

Jamane jaman gemblung, menungsa kaya gabah di-interi, muter diputer ter goyang digoyang yang diseseg srek srek srek diumbulaken mbul mbul.....


----

Basukine, Gombong 2018

Lingkar Sastra Gombong (Lisong)

Sort:  

Wah. Kebumenians sudah beralih ke seni tulis. 😀
Mohon pencerahan, "ngapak" iku piye, please explain in Bahasa Indonesia.

Kalo ngerti basa jawa ya sedikit banyaknya pasti tau ttg ngapak

Posted using Partiko Android

Sumpah. Saya mgga bis dibilang mengerti bahasa Jawa. Kala sekedar "Iki opo", ya saya tahu. 😀 Tapi, "tahu" dan "mengerti" pasti memiliki level pemahaman yang berbeda. 😀

Apa kabar, mas Pamungkas?

Budaya ngapak beserta bahasanya pd dasarnya sama dengan jawa. Dipakai di daerah jawa bag. Barat, banyumas smpe tegal. Identik dgn "a" klo jawa pd umumnya "o".

Posted using Partiko Android

Oia kabarku sae (baik) 😃

Posted using Partiko Android

ya wareg lah, anggre udude sebungkus, kopine manggelas... segane telungpiring.gkgkg

Congratulations @pamungkas-laste! You have completed the following achievement on the Steem blockchain and have been rewarded with new badge(s) :

Award for the number of comments received

Click on the badge to view your Board of Honor.
If you no longer want to receive notifications, reply to this comment with the word STOP

You can upvote this notification to help all Steemit users. Learn why here!

Coin Marketplace

STEEM 0.31
TRX 0.12
JST 0.033
BTC 64341.19
ETH 3145.13
USDT 1.00
SBD 4.00