Steem Ngapak!

in #ngapak5 years ago (edited)

Gendu-gendu rasa karo kanca, crita ngalor-ngidul tentang dunia online, utamane Steem ternyata akeh sing pada kangelen nggawe lan nulis posting konten sing apik. Rata-rata kanca kabeh neng ndesa urung bisa mudeng tentang cara kerja Steem.

Tek critani neng Steem kue mirip nggawe status neng FB, WA utawa twitter. Kanca pada takon apa bisa posting nganggo basa jawa ya? Basa Jawa atawa biasa disebut Ngapak kue basa harian neng wilayah Jawa, Indonesia. Jane kan basa Jawa ora kur neng wong Jawa tok ya, menurut berita kiye https://www.goodnewsfromindonesia.id/2017/07/28/siapa-sangka-6-negara-ini-gunakan-bahasa-jawa-sebagai-bahasa-sehari-hari neng Malaysia, Singapur, Suriname, Kepulauan Cocos, Kaledonia Baru, lan wong Landa (Belanda). Berarti kan jane Basa Ngapak cukup mendunia ya. Makane kan Wong Ngapak ora perlu isin. Sebab Basa Ngapak termasuk basa sing unik lan menarik. Ciri khase Inyong lan rika kabeh.

Basa Ngapak utamane neng daerahku, neng ndesa, pada Ngapak kabeh ngomonge. Dadi pada usul kepriwe carane mayuh pada nggo nggampangna kanca pada nggawe postingan konten, njur nggone posting sing tesih kangelan basa Indonesia, apa maning basa Inggris, berarti nganggo basa Ngapak ya bisa. Nganggo Basa Jawa. Basa Jawa Ngoko. Memang ana basa jawa ningrat, basa sing lewih alus. Tapi nggo sehari hari ya Ngapak is The Best. Sing penting kan kabar informasine butul sesue sing dekarepna.

Kira kira kepriwe kue Pak @rokhani , soale supayane Steem kue bisa ngaweh manfangat senajan nggo wong ndesa. Wong ndesaha ya ora olih ketinggalan jaman, apa maning kue hal sing positif sing bisa ndadikna dalan rejeki.

Lha, mangkane kie ada usul nggawe komunitas ngapak, tahap awal nggo sekitaran kene baen, wong purbalingga khususe, ngger bisa kanggo sedulur ngapak kabeh. Niate nggawe komunitas @steem-ngapak sing rep debentuk neng minggu kie, tembe tetek anggota :

  1. lokal purbalingga :
    @denbaguse
    @wongndeso
    @tapsir-purba

  2. lokal purwokerto, tapi tesih rung aktif tembe posting pira tok :
    @yebe
    @aryceppy
    @alesya12
    @saesanget

lan akeh kanca sing wis pada minat uga tapi rung bisa detulis neng kene. Muga-muga bisa terbentuk komunitas ngapak sing solid, utamane nggo njaga lan ningkatna kerukunan, media komunikasi, mbagi kabar lan berita sing positif. Syukur-syukur bisa dadi dalan rejeki. Syukur-syukur bisa nggo dadi dalan golet madang wareg, awak sehat bergas desambi Steemitan. Malahan ana sing ngomong Crypto Nggo Madang juga bisa he..he.. Jerene shilaturahmi dadi njembarna rejeki. Shilaturahmi online ya lewate media sosial. Lewat Steem uga bisa.

Nganggo Tag utawa Keyword : Ngapak, ben gampang de golet.

Ora ngapak,ora kepenak.
Seduluran Selawase

Mayuh, inyong-rika, kabehan pada Steemitan. Dadine aktifitas media sosial lewih manfangat.

Salam kanggo kanca Ngapak sedunia, muga-muga rika pada sehat waras bergas, ora kurang mangan, madang kepenak, kerja sengkud, hasil berkah, turune angler. Anak bojo pada rukun kabeh.

Kepriwe miturut rika?

Posted using Partiko Android

Sort:  

Thank you so much for being an awesome Partiko user! You have received a 14.12% upvote from us for your 1475 Partiko Points! Together, let's change the world!

Telah kita reblog yah ke ribuan follower.. :] Terimakasih sudah memilih @puncakbukit sebagai witness.

matursuwun ;)

Posted using Partiko Android

As a follower of @followforupvotes this post has been randomly selected and upvoted! Enjoy your upvote and have a great day!

Nggawe komunitas kudu terus gerilya. Angger akeh manfaate bisa dadi ada kuratore suatu saat, sehingga wong penginyongan bisa olih manpangat sing gede. Siki diakehi disit gerilyane, malku nang ngarepe mengko suk mben bisa gawe proposal nggo ngadangi Steem Power kang akun gede akaya sing aweh upvote ngasi niliane 6 dolar bisa nggo jagan negembene sukur mengko malah bisa ngedeg dewek nek wid duwe Steemp power gede. jajal cek lewat dicord KSI Komunitas STeem Indonesia nggo sinau. Nyomg jarang nagnggo discord

matursuwun Pak @rokhani pituahipun :) Siap!

Angger gede terus duwe tag dewek ana kuratore mesti manfaat.
Siki tag indonesia wis suwe ilang. Tapi tetep kudu optimis sapa ngerti ngemben 1steem bisa balik 4 dolar maning ben bisa lewih semringah

Amin ya Pak

Posted using Partiko Android

Monggo dilanjutaken inisiatif e.

!BEER

Posted using Partiko Android

matursuwun kang @happyphoenix wis melu ndukung inyong pada :)



Hey @wongbraling, here is a little bit of BEER from @happyphoenix for you. Enjoy it!

thank you. matur suwun :)

Coin Marketplace

STEEM 0.19
TRX 0.13
JST 0.028
BTC 66392.28
ETH 3318.61
USDT 1.00
SBD 2.69