Urip Ki Sawang Sinawang

in #indonesia6 years ago

Ora kabeh sing di delok awake dewe iki bener. Ketoke sing didelok bener tapi nyatane yo iso salah. Ketoke salah tapi yo bisa bener. Ojo gampangan percoyo. Ojo gampang merinan. Sithik-sithik meri karo kancane. Padal, sing mbok meri ni kui yo meri karo wong liyo maneh. Ora ono bar e. Urip mung nggo meri. Hal sing gampang, yo kabeh mau disyukuri wae.

IMG_20171018_110707-01.jpeg

Gambare Mung Pemanis Wae

Wong liyo mungkin ndeleng awakmu kurang. Tapi awakmu blas ora kroso kurang. Malah rejekine mbludak-mbludak. Mung mergo uripmu ora kakean polah lan ora neko-neko awakmu dikirone kurang. Rejeki akeh kui ora kudu kakean polah. Iso bersyukur wae iku gawe ati tentrem kok.

Dadi, ojo percoyo sing mbok sawang. Ketoke sugih, omah akeh, mobil akeh, eh lha dalah bar kui kecekel Polisi amargo korupsi. Kui sing mbok meri ni? Pengen kecekel Polisi? :D

Urip sing ayem lan tentrem kui jan enak tenan. Akeh ngucap syukur kagem Gusti. Dijamin ces pleng urip e.

Wes ya..
Iki mau aku ora iso turu, dadine ngecupris ning kene.

Suwun yooo..

Coin Marketplace

STEEM 0.20
TRX 0.14
JST 0.030
BTC 64821.33
ETH 3466.08
USDT 1.00
SBD 2.51