Sego Berkat Dinggo Selametan

in #indonesia7 years ago

Ket isuk mau Ibu karo dulur-dulur wes kluthekan ning pawon. Ngko sore meh ono pengajian. Selametane Bapak. Isuk iki nyepake sego berkat nggo ater-ater dulur. Jenenge sego berkat yo koyok ngene iki ya. Ono iwak pithik, sambel goreng ati, mie lan konco-koncone.

IMG_20171207_143922-01.jpeg

Bapak sedo, ket tahun 1995. Jaman ndhisik aku jek cilik. Durung ngerti opo-opo mbiyen. Makane saiki aku nek karo Ibu ya ngewangi tenanan. Sing penting Ibu seneng.

Yawes iki critaku isuk iki. Tak makani pithik2ku sek ya. Ojo lali sarapan. Ben kuat.

Suwun yooo

Coin Marketplace

STEEM 0.16
TRX 0.15
JST 0.028
BTC 58058.49
ETH 2284.09
USDT 1.00
SBD 2.51