Nemu Bajing Ning Pekarangan Omah

in #indonesia6 years ago

20171207_113401.jpg

Wingi sore ning mburi omah. Bajing iki mlebu pekarangan. Ketoke luwe. Trus ngrikiti kates. Tak jarke wae. Ben mangan nganti wareg. Pas enak-enak e mangan. Soko mburi tak uncali jaring. Langsung kecekel. Bajing iki wingi sore pas tak cekel. Awake lemes. Yo mungkin mergo kaliren. Golek pangan ga nemu.

Tak leboke kandang. Sakdurunge kae aku yo entuk Bajing. Iki wes sing ke loro. Awake sehat kabeh. Sing tak cekel wingi sore yo wes mulai mlayu-mlayu. Alhamdulillah. Pakane jane gampang. Mung buah-buahan. Kadang tak pakani kates, kadang pelem sing jeblok dipangan codot, kadang yo gedang.

Aku tak nggawe kandang pithik sek yo. Ngko tak potoke kandang pithik e. Pithikku mulai akeh. Makane ndang tak gawake kandang pithik meneh. Ben nyaman. Gampang ngendok e.

Suwun yooo.

Coin Marketplace

STEEM 0.20
TRX 0.14
JST 0.030
BTC 64821.33
ETH 3466.08
USDT 1.00
SBD 2.51