Kandang Pithik Anyar

in #indonesia6 years ago

IMG_20160123_134205.jpg

Nah iki kandang pithik sing tak critake wingi. Wes dadi lumayan gede. Pithikku soale akeh. Mesake lek bengi ora duwe kandang. Ngko malah ga gelem ngendog.

Alhamdulillah wingi nggawe kandang iki diewangi konco-konco tonggo desa. Mergo sing nyambut gawe wong akeh gaweane cepet rampunge. Bahan-bahane ndelalah yo diwenehi dulur. Pring e akeh. Yo lumayan ngirit.

Duite metu nggo numbaske maem konco-konco. Sego pecel dibungkus karo lawuh ndog tempe. Alhamdulillah wareg kabeh. Nyambut gawene yo seneng.

Iki critoku nggawe kandang pithik wingi minggu awan. Suwun wes mampir.

Suwun yooo

Coin Marketplace

STEEM 0.17
TRX 0.13
JST 0.027
BTC 61328.01
ETH 2752.11
USDT 1.00
SBD 2.45