Jajanan Pasar, Enak Tur Murah Meriah

in #indonesia6 years ago

IMG_20141026_062813.jpg

Aku seneng mrene. Dolan ning Mbah-mbah sing dodolan jajanan pasar ngene iki. Senenganku lopis dikei parutan klopo plus kinco. Padal nek dipikir yo panganan murah meriah tapi ngangeni. Mungkin sing nggawe kangen ki Mbahe. Kadang aku yo mikir, sampe kapan Mbah e dodolan. Mesti ono wancine kesel dodolan.

Kiro-kiro ono sing neruske gak yo? Nek jek ono yo alhamdulillah. Nek wes gak ono yo berarti panganan ngene iki sediluk meneh punah. Mengko bocah-bocah, 10-20 taun ngkas wes gak nemoni panganan koyok ngene meneh. Padal panganan ngene iki enak e gak karuan. Ning Kota paling yo gak enek sing dodol. Jajanan sing saiki akeh-akehe sosis bakar, roti bakar, karo jagung bakar. Kapan kae aku ning Solo yo panganane aneh-aneh saiki. Jajanane werna-werna. Mungkin jamane wes berubah. Tapi eman-eman nek panganan tradisional ngene iki ilang.

Mugo-mugo ono sing neruske.

Suwun yooo...

Sort:  

enak iki mas..
yen aku seneng cenil karo klepon..

Kui yo senenganku Mbak
Enak kabeh

Ono onde onde ceplus ra mas, hehe

Ga enek Mas.. enek e cenil, lopis, klepon hehehe

Ngombene dawet cocok mas, haha

Coin Marketplace

STEEM 0.20
TRX 0.14
JST 0.030
BTC 64821.33
ETH 3466.08
USDT 1.00
SBD 2.51