Bengi-bengi Golek Pecel

in #indonesia7 years ago

Jam yah mene iki biasane aku wes merem. Tapi mbuh iki mau kok durung iso turu. Malah luwe wetengku. Trus akhire iki aku metu golek pecel. Ning Jawa Timur sing paling gampang golekane yo paling pecel karo tumpang.

image

Yo koyok ngene iki penampakane. Sori yo rodok burem fotone. Hapeku kamerane kurang apik. Pengen tuku hape sing kamerane apik. Makane aku dolanan Steemit iki. Sopo ngerti entuk rejeki soko kene.

Pandongane wae ya.
Mugo-mugo iso ndang panen.

Tapi aku yo ora kesusu. Ngertilah dolanan Steemit iki butuh proses. Wong panen kae wae kudu nandur sek. Bar nandur yo kudu ngrumat. Ga iso meneng wae ngenteni panen. Emange sulapan, langsung dadi. Lha wong mie instan kae wae yo butuh dimasak ndhisik. Padal jenenge instan. Tapi kudu diproses.

Wes ah, tak maem sek.
Selak medhok sambel e.

Suwun yoo..

Coin Marketplace

STEEM 0.16
TRX 0.15
JST 0.028
BTC 58058.49
ETH 2284.09
USDT 1.00
SBD 2.51