Kasunyataning Sepi (Puisi Bahasa Jawa)

in #poetry6 years ago

KASUNYATANING SEPI


Yen rinasa 

Sarwa prasaja

Mungguh ana sawijining ukara kang sinebat sepi

Pranyata tan prabeda miwah alaming pikir

Udakarane puluh-puluh

Pulunging ndaru tumiba madyaning ratri

Prasasat nglelimpe priyagung kang dhahar nendra

Ilang sipate titah kang sumarah

Pijer nggugu hardaning nafsu

Mboya kersa nyesep sarining sepi

Kareben nampi wahyuning Gusti

Sepi sepa sepahing ngaurip

Kudu anut jantrane wewaler

Sapa nerak bakal nlasak

Sapa ngidek bakal kasupatan

Yen wis mengkono tundhane gari rasa cuwa lan gela

Pituwase linambang ati peteng nyipati kahanan sing wis kebacut puyeng

Mula dadiya sirep menggahing sepi

Dadiya lelimeng menggahing sesaput pedhut

Paugerane tiyang nyenyuwun berkah

Kedah purun dhahar longan turu longan


---

Sugeng Joko Utomo, Tasikmalaya, 09-09-2018

Lingkar Sastra Gombong (Lisong)

Sort:  

Ga ngerti sata mas, yg penting like aja. Wkwkwkwk

Sepertinya ini pembalasan haha

Posted using Partiko Android

Coba mas @pamungkas datang ke postnya bang @lamkote pasti cuma gigit jari cz g ngerti 😂😂

Posted using Partiko Android

Ya begitulah 😂

Posted using Partiko Android

Satu merk beda produk

😍😍🤣

Posted using Partiko Android

Makasih ya. Yg penting likenya. Drpd gk ngerti gk like pula wkwkwk...

Posted using Partiko Android

continue to succeed in steemit. Hopefully this article is useful for others to be an inspiration. and continue to create scientific works.

Posted using Partiko Android

Coin Marketplace

STEEM 0.26
TRX 0.11
JST 0.033
BTC 64266.94
ETH 3077.24
USDT 1.00
SBD 3.87